Jumat, 10 Mei 2013


GEGURITAN

iseng-iseng buka file sma:
di folder IDA NUR AENI (XII IPA 1 20)
wonten geguritan ingkang nate kula tampilaken wonten ujian praktek basa jawi :)



Werdining katresnan punika
rerakit lumampahing mangsa kang ngukir lembaring dalu rina
kang sinerat dening astaNya.
Werdining katresnan punika;
reroncening trenyuh kabagyan,
kang medal saking panangis lan gumuyu,
trus rumesep ing telenging kalbu.
Werdining katresnan punika;
angaksami tumrap sadaya kalepatan,
nampi samukawis klentu pakarti tuwin sisiping pitembung.
Werdining katresnan punika;
sabar sareh ugi nampi samukawis panandhang
lamun pedhut pacoban hanelahi, katresnan kinarya pepadhang.
Werdining katresnan punika;
rak ugi sami pitados lan manungkung jroning pangajeng-ajeng;
awit katresnan salaminipun langgeng.
Werdining katresnan punika;
peparingan Gusti Allah
katresnan kang mekar ing telenging manah,
konjuka ing Ngarsa Pepadhanipun…




kula mboten nyangka, anggenipun kula tampil menika saged sae (ngendikane bu senirah)
lan saged damel conto kagem adik2 kelas :)
nuwun sedaya kemawon kagem rencang-rencang 12 ipa 1.. sukses!!!!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar